FAMILY BLOG : Last trip on March 2013: Singapore....Legoland.....Phuket....Apa yang menarik di Phuket?......Hemmm...Pernah dengar JAMES BOND ISLAND? atau PHI-PHI ISLAND ?...!....

Sabtu, 02 Juli 2016

Tips mudik 2016


Monggo sing arep padha Mudik...Selamat jalan para pemudik, smoga2 lancar, waras slamet tekan ngumah ...🏠🏠

Aja kelalen, nek wis tekan ngumah, gole ngomong biasa bae, ya tetep ngapak.., aja ngomong bandhek2an, apa maning elo elo gua gua...malah keton ndesanΓ©

Nek bingung dalan, takon maring petugas, aja takon maring rumput yg bergoyang.. emangΓ© rika takon Ebiet G AdΓ©... pokoke aja!

Nek ditakoni "mau kemana mas/mbak?" jawab biasa baΓ©n ora usah njawab "ke hatimu" mbok kaya komedi ngadeg...πŸ˜€πŸ˜€

Aja nggawani barang2 sing ora perlu, kaya tipi, kulkas, meja makan, lemari dsb, rébyég nang ndalan...apa maning nggawani kenangan karo mantan...😭😭

Nek numpak mobil pribadi, pastikan pribadine apik, sopan, ora sombong lan rajin menabung....πŸš—

Sing numpak montor, pastikan jg tangki bensinne isi, senajan atine karo sake kosong.. 😳😱

Aja ngeluh dalanne macet, esih mendhing kejebak macet nimbang kejebak masa lalu....eaaalaahh..😞😞

Gole mudik lewat jalur pantura/jalur selatan, bisa jg jalur alternatif, aja lewat jalur Gaza, mbok kena peluru nyasar..πŸ”«

Palangapa diperiksa ndhisit tikete, kuwe tiket nggo numpak bis/kereta. Aja2  mlh  tiket odong2 ...🚲

Ben umah sing ditinggal aman, pasangi police line, ditulisi "rumah ini telah disita bank"
Siki nggo kost2an intel...🦁🦁

Sugeng Mudik dulur2....ingkang sami badhe mudik utawi badhe tindakan
Mugi Gusti njagi saterasipun....Aamiin...πŸ˜˜πŸ˜˜πŸ˜˜πŸŒΉπŸŒΉπŸŒΉπŸŒΉπŸ˜€πŸ˜€πŸ˜€
.πŸ˜€πŸ–✌πŸš—πŸšŒπŸš…πŸšƒπŸš‚

Sent from Samsung Mobile.

Tidak ada komentar: